Mukidi sing suarané apik dikongkon dadi imam Isya' lan Trawèh dina pertama.
Makmumé yo Khusyuk pisan.
Bar rampung Isya 4 rakaat, trawèh 20 Rakaat lan Witir 3 Rakaat......Lha kok Mukidi munggah nang Mimbar, jamaah ngirané Mukidi arep mènèhi ceramah,..... jebulané mènèhi pengumuman :
Hadirin Jamaah Isya' lan Trawèh ingkang minulya... Mangké bakda niki njenengan sedaya sholat malih nggih.!!
Makmum podo kagèt..
Mukidi neruské pengumumané :
Ngapunten...amargi kulo nembé kèlingan, yèn kulo wau lali dèrèng wudhu...
Éling kulo nggih pas rampung shalat Witir niki wau..
Makmum pada gègèr nang mburi karo misuh-misuh.
Ana sing omong_
"Tekkèèèèk... Ngono gak ngomong ket mau.... Lha iki dengkulku wis cekot2.. wis gemeter malah kon mbalèni manèh...
Aku yo ngguyu kekel... ..

Komentar
Posting Komentar